“Jogja kuwi istimewa. Tapi kok saiki tambah reged?”
Yen kowe mlaku neng kutha Jogja, ana pemandangan sing ora bisa dipungkiri: sampah nang endi-endi. Plastik nggeletak nang pinggir dalan, botol air mineral melu ngambang neng kali, bungkus jajanan nyempil nang sela-sela kursi taman. Iki Jogja sing diarani kota budaya? Kok rasane malah kaya tempat sampah raksasa?
Jogja, kutha sing mbokmenawi cilik, nanging isine akeh. Sing dolan nang Jogja tambah akeh, sing numpuk sampah yo tambah akeh. Lha terus, sing resik-resik sapa? Kowe mung dolan, ninggalake jejak, ninggalake sampah, terus ngarep-arep Jogja tetep apik?
Sampah Ora Iso Ilang Dewe
Wong-wong mbokmenawi mikir, “Ah, mung bungkus cilikan, mung sedotan siji, mung kresek siji.” Masalahnya, sing mikir kayak ngono ora mung siji. Yen saben wong mbuwang satu bungkus plastik sembarangan, Jogja bakal dadi lautan sampah mung dalam hitungan bulan.
Sakjane, budaya buang sampah sembarangan kuwi tandha kesadaran lingkungan sing rendah. Kabeh seneng dolan nang pantai, seneng camping nang gunung, tapi akeh sing lali yen keindahan alam kuwi butuh tanggung jawab. Sawise healing, ora jarang leaving trash behind.
Cinta Alam, Dudu Mung Caption
Akeh bocah enom saiki seneng ngaku nature lover, seneng selfie nang alas, numpak motor adventure, terus upload foto karo caption “finding peace in nature”. Tapi sawise foto-foto, bungkus jajan dilarakno, botol plastik dibiarke, puntung rokok dicelupne neng lemah.
Alam ora butuh captionmu, alam butuh kepedulianmu.
Sakjane, cara sederhana kanggo ngerawat Jogja lan lingkungan sak kutha kuwi gampang:
1. Sampahmu, tanggung jawabmu. Yen ora nemu tempat sampah, simpen dhisik neng tas, buang neng panggonan sing bener.
2. Kurangi plastik. Yen mung tuku es teh siji, ya ora usah nganggo kresek. Yen iso nggawa tumbler dhewe, luwih apik.
3. Eling yen alam iku omahmu. Kowe seneng dolan neng alam, ninggalake jejak kowe okeh, ninggalake sampah ojo.
Jogja, Ojo Dadi Kutha Sing Mambu
Yen kowe tresna Jogja, tresnaa kanthi bener. Keindahan Jogja ora mung soal candi, pantai, lan angkringan. Jogja bakal tetep istimewa yen kowe lan aku gelem njaga.
Jadi, sesuk yen dolan nang Jogja, ayo dicoba: sakjane kowe beneran tresna Jogja, opo mung tresna gaya urip “ngaku tresna Jogja”?
Jogja butuh tresnamu, tapi sing luwih penting, Jogja butuh kesadaranmu. Ojo buang sampah sembarangan!